Pidato bahasa jawa tentang perpisahan
Assalamu'alaikum wr. wb
Ingkang kinurmatan Bapak Kepala Sekolah ugi Bapak - Ibu Guru ingkang satuhu luhuring budi lan rencang - rencang kelas 9 ingkang kula tresnani.
Monggo kito sedaya ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti ingkang maha Agung ingkang sampun maringaken sedoyo nikmat lan kewarasan dateng kito sedoyo dumugi sakmeniko kito sedaya saged kempal wonten ing adicara perpisahan sak manika.
Kula, wakil saking rencang - rencang kelas 9 ngaturaken maturnuwun ingkang sak ageng-agengipun kagem Bapak / Ibu Guru ingkang sampun mbulawantah kulo lan sak konco-konco dateng pawiyatan menika ingkang dangunipun tigang warsa. Mboten keraos kolo lan rencang sebrayat sampun ngelampahi ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan mriki. Wonten ing adicara menika, kulo kiyambak tuhu rencang - rencang nyuwun agenging pangapunten sangking Bapak / Ibu guru amargi wonten ing tigang warso ngangsu kawruh wonten pawiyatan mriki kulo lan sak rencang mebo menawi gadhah kalepatan ingkang dipun sengojo lan mboten disengojo. Mugi - mugi Bapak / Ibu guru kerso ngapuntenaken sedoyo kelepatan kulo lan rencang - rencang. Satuhunipun kulo lan sak konco awrat sanget badhe nilaraken pawiyatan menika amargi sedoyo ingkang wonten dateng mriko sampun kados sederek lan kaluargo. Namung amargi kulo lan rencang - rencang kedah nglanjutaken ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan ingkang luwih inggil, kulo lan rencang - rencang kedah saget dening ikhlas nilaraken pawiyatan menika. Kadosipun sampun cekap anggenipun kulo matur. Bilih menawi wonten kalepatan kulo nyuwun agenging pangapunten. Wasslamu'alaikum wr. wb Pidato Perpisahan Sekolah Bahasa Jawa Ingkang dahad kinormatan Bapak Kepala Sekolah SMPN 1 Taman, Bapak ugi ibu guru, staf TU, Lan konco-konco ugi adek-adek sedaya kemawon ingkang kula tresnani. Sapisan, monggo kita sedaya sesarengan ngaturaken puji syukur dumateng Gusti ingkang Maha Agung, Ingkang sampun maringaken nikmat kewarasan dumateng kita sedaya. Dados kita sedaya saget sesarengan kempal dhateng adicara perpisahan siswa kelas 9 sapunika. Kula siswa kelas 9E ingkang tinanggenah guru kagem mewakili konco-konco kelas 9 kagem ngaturaken matur sembah suwun kula sakonco namung saget ngaturaken ucapan matur sembah nuwun kagem sedaya bapak ibu guru ingkang sampun mbulawantah kula sakonco dangunipun tigang warsa dateng pawiyatan menika. Kula sakonco inggih badhe nyuwun pangestunipun supados kula sakonco saget nglebeti pawiyatan enggal ingkang sae ingkang sampun dhados tujuan kula sakonco. Ugi supados kula sakonco saget dados tiyang ingkang migunani kagem keluarga, masyarakat, ugi bahasa lan negara. Sejatosipun kula sakonco kraos awrat sanget kagem nilaraken pawiyatan menika. Kula inggih gadhah sekedik pesen kagem adek-adek kelas 7 kaliyan 8 supados sinal ingkang sregep sinau supados saget wujudaken cita-cita nipun ugi dados lare ingkang lanthip. Cekap semanten saking kula, manawi anggen kula sakonco kagungan sisip sembering. Ingakang klenthu, kula nyuwun agunge panga puten dumateng sedaya kanawon. Kula aturaken matur sembah suwu PIDATO BAHASA JAWA TENTANG PERPISAHAN SEKOLAH السلا م عليكم ورحمة الله وبر كا ته اَلْحَمْدُ ِللهِ الَّذِى عَلَى مَا خَتَمْنَاهُ مِنَ الدِّرَاسَةِ. وَنَسْئَلُ نَفْعَهَا لِنُنْذِرَ بِهَا اَهْلَ الْقَرْ يَةِ. وَنَدْ عُهُمْ إِلَلا سَبِيْلِ رَبِّنَا بِالْحِكْمَةِ. وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ إِبْنِ عَبْدِ اللهِ, وَعَلَى اَلِهِ وَأَصْحَا بِهِ وَمَنْ وَالاَهْ وَعَلَى مَنْ أَقَا مَ هَذِهِ الْمَدْرَسَةِ. وَمَنْ عَلَّمَ وَتَعَلَّمَ فِيْهَا لاِعْلاَءِ كَلِمَةِ اللهِ. اَمَّا بَعْدُ Hadratul mukarromin, poro Ulama’ul amilin poro Bapak guru dan bu guru ingkang kulo taati, poro Bapak wali murid ingkang kulo hormati, poro konco-konco sedoyo siswa-siswi madrasah……… ingkang kulo sayangi. Poro hadirin sekalian ingkang kulo hormati. Sa’derengipun kulo ngaturaken nopo ingkang dados beban kawulo, langkung rumiyin kulo muji syukur dateng Alloh SWT ingkang sampun paring Rohmat Nikmat dumateng kulo lan panjenengan sedoyo sehinggo kito sami saged karoyo-royo, saget bertemu, berpadu lan bersatu wonten ing majelis puniko kanthi keadaan ingkang sehat wal afiat. Ingkang kaping kalehipun mugi-mugi tambahipun Rahmat Ta’dzim Alloh tetep dipun limpahaken dateng junjungan kito Nabi Besar Muhammad SAW, soho dumateng poro ahli keluarga lan sohabatipun. Ingkang kaping tigonipun kulo ngaturaken matur nuwun dumateng sederek pembagi acara ingkang sampun mempercayakan penuh dumateng kawulo, sa’perlu nyampeaken sambutan atas nama wakil sedoyo siswa-siswi, khususipun siswa-siswi kelas tiga tsanawiyah, ingkang sekedap maleh bade ninggalaken bangku sekolah wonten ing Madrasah puniko. Poro Rawuh ingkang kulo hormati ! Sesuai kalian fungsi sangking tugas kawulo inggih puniko mewakili sangking sedoyo siswa-siswi khususipun siswa-siswi kelas tigo Tsanawiyah wonten ing madrasah puniko. Wonteng ing mriki kawulo ngaturaken matur nuwun ingkang sa’agungipun dumateng Poro Bapak Kyai, soho sedoyo dewan Asyatid ingkang sampun jerih payah ngorbanaken jiwa raga, tenaga, lan fikiran. Boten pandang wekdal, siang utawi dalu, panas utawi jawah sak perlu mendidik soho membina dumateng kawulo sa’konco awit milahi mlebet wonten ing madrasah mriki sehingga wekdal puniko saget dipun wastani Tamat tingkat tsanawiyah. Wonten ing mriki kulo sa’konco, boten saget bales punopo-punopo atas jerih payahipun, utawi jasa-jasanipun Poro Bapak Kyai, lan Bapak Guru, kejawi kulo namung saget ngaturaken…. جَزَا كُمُ اللهُ أَحْسَنَ الْجَزَاء كَثِيْرًا Mugi-mugi Allah SWT ingkang bales jasa-jasa utawa jerih payahipun Poro Bapak Kiyai, Bapak Guru lan Ibu Guru kanti balesa ingkang sa’sahe-sahenipun, soho ingkang katah. Amien yaa Robbal Aalamien. Poro Bapak poro Ibu soho Hadiri sedoyo, selajengipun kulo sa’konco ngaturaken sedoyo kalepatan dumateng poro Bapak Kiyai soho Bapak Guru wonten ing madrasah puniko, sebab kulo sa’konco sering damel susah payahipun poro Bapak Kiyai soho poro Bapak Guru sami ugi wonten ing sa’lebetipun Madrasah utwai wonteng ing jawinipun madrasah. Pramilo sepindah kulo nyuwun dipun aliraken samudra kemaafan lahir lan batin. Ingkang terakhir kulo nyuwun barokah do’a restu dumateng Poro Bapak Kiyai soho Bapak Guru, mugi-mugiu sedoyo ilmu ingkang sampun kulo pelajari sangking madrasah puniko, sageto manfaat maslahah lan barokah saget manfaati lan barokahi dumateng pribadi kulo, masyarakat agami, lan negari ingkang akhiripun saget dados lantaran kangge taqorrub dumateng Alloh, soho ndadosaken sababiyahipun khusnul khotimah. Amieen. Lan mugi-mugi sak sampunipun kito tamat sangking tingkat tsanawiyah puniko sageto nerusaken dateng tingkat sa’terusipun sehinggo saget hasil lan tercapai nopo ingkang kito cita-citaaken. Amien. Kintenipun cekap semanten atur sangking kawulo awal ngantos akhir sedoyo kelepatan kulo, kulo nyuwun agengipun pangapunten. و بالله التو فيق و الهداية Asslamualaikum Wr. Wb. Bapak kepala sekolah ingkang satuhu kinabekten, bapak ibu guru ingkag dahat kinurmatan, rencang saha adik kelas ingkang kula tresnani. Puji syukur dhumateng Gusti ingkang Maha Agung. Ingkang sampun anglu beraken rahmat sarta hidayah. Dene kula panjenengan sami saged makenpal wonten ing sekolahan kangge ngawontenanken perpisahan. Bapak/Ibu guru ingkang dahat kinurmatan mboten kantun kula minangka wakilipun putra putri siswa kelas sanga atur agunging panuwun ingkang tanpa upami awit keiklasan saha sih katresnan Bapak/Ibu Guru nggulawenthah dhumateng para siswa waengga saget ngampungake kewajiban ingkang sampun kalampahan sadangipun tigang tahun, khanti pikantuk surat tandha tamat blajar. Sedangipun tigang taun kula ngangsa kawruh wonten ing pawiyatan wonten ing panggulemah thanipun, ngantos wonten pengeketing batin seingga karengku kados putraputri piyambak. Bapak ibu tuwin adik adik ingkang satuhu kula kurmati saha kula trisnani. Sakedhap malih kula sarencang rencang nilaraken pawiyatan punika. Awrat anggen kula matur kados pundi raosipun nilar Bapak/Ibu Guru saha adik adik, amargi kawontenan kedah mekaken, pramila kepeksan kula kaliyan rencang rencang nilaraken Bapak/Ibu Guru saha adik adik kelas pitu tuwin kelas wolu sanadjan ta sampun perpisahan ingkang ateges tindih ing natra. Mewantu wantu kula tansah nyenyuwun supados taksih celak ing pengasih. Pawiyatan ingkang sampun metahu tahun sampun tansah cecaketan kaliyan kula, kula sarencang rumaos cuwa penggalih, badhe nilaraken pawiyatan menika, amargi kahanan saka karsaning gusti, wonten pepaggihan tamtu badhe wonten perpisahan, punika kados sampun sampan kodrat mboten kenging dipun owahi maleh. Kula sarancang kelas sanga ingkang badhe nilaraken pawiyatan punika tansah nyenyuwun lan ndedanga adik adik sageda kasil anggen ipun ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan punika, kula minangka wakilipun rencang kelas sanga tansah nyuwun, mugi mugi adik adik sregep anggenipun sinau lan tansah mituhu dhumateng Bapak/Ibu Guru. Mboten kantun ugi kulo dalah rencang kelas sanga tansah memuji dhumateng gusti ingkang Maha Agung, supados Bapak/Ibu Guru saa adik adik pikantuk nikmateng pangeran wilujeng mboten wonten alangan satunggal punapa. Kulo kinten mboten prayogi menawi atur pamitan pamitan punika kulo pepanjang. Kulo naming tansah nyuwun tambahing donga pangestu saking Bapak/Ibu Guru saha adik adik. Sageda wilujeng sasampunipun medal saking pawiyatan punik lan sageda pikantuk pawiyatan luhur kangge ngangsu kawruh ngilmu ingkang langkung inggil. Ingkang mboten nglajengaken sageda pangestu pedamelan ingkang samurwat kaliyan pangetosan ingkang sampun tinampi. Mbok menawi wonting kirang tata karma anggen kulo matur saha sisip sembiring atur, kulo minongko wakil kelas sanga tansah nyuwun agunging panuwun igkang tanpa upami. Akhirul kalam billahi taufik wal hidayah.

Komentar
Posting Komentar